Laman


Other Posts >>

Senin, 14 November 2011

MBURU SEGORO KELI MBANYU

Mlayu ngalor enteke segara
Mlayu ngidul enteke ya segara
Mlayu ngulon nyabrang gunung temurun ketemu segara
Mlayu ngetan nyabang bengawan ketemune ya segara

Alabiyung
Endi sing bener
Kabeh ngaku bener
Sing bener umpetan nang layangane dewek

Ladala
Kabeh mbrekunyeng
Nangis di guyu bayi
Ngguyu di guyu wong edan

Mlayu sjeroning kalbu
Ketemune kur Penyesalan
Njagong netepna pikir
Anane mung irisan ati kari separo


Duh Gusti...........
Dewo ubedono
Ucule tali ilange pakem
Dadio sinoro wedi panceri urip

........................................ Kiwul brajamusti negara Medang Kamulyan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar