Laman


Other Posts >>

Rabu, 26 Desember 2012

ELING ELING MBANYUMAS

Sabar sabar nganti ra sabar
Bubar bubar nganti keturutan
Eling eling nek eling balia maning
Mingendi nek udu jamur dipa
Salah ngemek racun
Salah dalan ilang
Anane mung padudon
Kabeh bener ning ngaku salah
Kabeh salah ning kaya bener
Sajerone kuning ana angin
Sajeroning ati ana rasa
Sajrone kolbu ana dawuh
Byur gedebug tibane mbuluk
Mlayu di buru jebul tesih pentil
Sepet tesih mendingan
Tinimbang kur ngimpi nek tangi ilang
Nesu hudu patrape wong tuwa
Nek ngguyu untune ompong
Lewih becik pasrah
Madep mantep mituhoni dawuh
Topo madep ngidul sajembare samudra
Madep ngalor emut marang baline urip
 Yen madep ngetan bakale keturutan
Madep ngulon ketemu sejane
Iku maknane eling lan ngelingi
Sanajan Penguasa Jagad sisan
Asal tesih menungsa
Tansah tetep kudu eling marang sing kudu di eling eling

Tidak ada komentar:

Posting Komentar